Headlines News :

Cari Hotel di Solo

Wedangan

caragampang.com
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Cerita Lucu Bahasa Jawa: Pitik Mogok Mangan

Bar nganakke pengajian Mbak Dewi ngresiki ruang tamu karo njukuki turah-turahan suguhan sing ora dipangan karo tamune. Salah suwijining panganan yaiku lumpia sajake wis rada lawas. Lumpia iku akeh sing kur dicokot sithik karo tamune, ora dienthekake. Mbak Dewi ngambu lumpia kuwi, banjur celathu menawa lumpiane wis rada banger. Apike dipakakke pithik wae. Ndilalahe pithike Mbak Dewi krungu omongan iku banjur grenengan marang kancane  

Pithik Blorok:  
Wah lumpia sing wis mambu kae mesthi dipakakke aku

Pithik Putih:
Loh njuk ngapa tho?

Pithik Blorok:
Awake dhewe wiwit mbiyen dipakani sing mambu-mambu terus, ora tau sing enak-enak. Mbok pisan-pisan ora sah dienteni mambu!.  Makani barang apik ora iso popiye?

Pithik Putih:
Hooh bener Blo!. Awake dhewe kur diwenehi turah-turahan. Nek ngono mengko ethok-ethok ora doyan mangan wae po?

Pithik Blorok:
Bener Put!. Engko nek diwenehi lumpia dieker-eker wae rasah dipangan.

^_^

Wasan rampung ngresiki ruang tamu, Mbak Dewi njukuk lumpia  sak gegem,  diuncalke ning lemah ben dipangan pithike.  Ananging pithik loro kuwi malah kur ngeker-eker lumpia nganthek sumebar tekan ngendi-endi.  Babar pisan ora gelem mangan.

Weruh pithike ora doyan lumpia, Mbak Dewi  banjur njukuk sega mambu ning pawon. Segane dilebokake ning trempolong ben dipangan pithike. Nanging pithike malah kur nendang-nendang trempolong nganthek segane tumplak. Mbak Dewi bingung, apa sebape pithike ora gelem mangan?.  

Untunge dheweke kelingan nduwe roti tawar lawas sing wis njamur.  Mbok menawa pithike doyan roti. Rotine dijukuk ning nduwur meja, banjur dioncalke ning ngarepe pithike. Ternyata padha wae nasibe karo lumpia banger lan sega mambu. Roti jamuran iku blas ora dipangan karo pithike. Malah ditendang-tendang ngantek kontal ning ndalan. Mbak Dewi kaget marang pokale pithike.

Dumadakan Adhine Mbak Dewi metu saka omah karo nuntun Ponakane sing melet-melet kepedesen merga mangan arem-arem.  “Kowe ki durung doyan pedes Le, wis dilepeh wae arem-areme” celathune marang Ponakane.  Weruh adhine metu saka omah, Mbak Dewi banjur cerita menawa pithike dho ora doyan mangan.

Adhine:
Wooo, sajake pithikmu padha gering ki, saiki lagi musim Penyakit Tetelo loh!

Mbak Dewi:
Wooo ngono tho, nek ngono digolekke obat apa ya?

Adhine:
Rasah diobati. Dibeleh wae. Soale mengko malah nulari kanca-kancane.

Pithik Blorok kaget banget  krungu usulan dheweke dibeleh wae.  Blorok tambah kaget wasan weruh Pithik Putih ujuk-ujuk notholi lepehan arem-arem.

Pithik Blorok:
Kowe ki piye tho ? Awake dhewe wis nolak mangan sega, kok malah trima mangan lepehan arem-arem ki piye. Rak yo luwih njijiki tho?.

Pithik Putih:
Timbangane dibeleh, aku milih mangan lepehan arem-arem wae.  Ben kowe wae sing ora doyan mangan luwih pantes dibeleh...

Pithik Blorok:
Enak wae.  Aku ya ora gelem dibeleh ki.....  (Pithik Blorok banjur cepet-cepet melu notholi lepehan arem-arem karo mripate merem amarga jijik)

Pithik loro kuwi rebutan ngentekke lepehan  arem-arem.  Mbak Dewi lan Adhine dadi gumun. Pithik sing mau ora doyan lumpia, sega lan roti kok saiki malah rebutan lepehan arem-arem. Lucu tenan pithik jaman saiki (Undil-2012).   SOURCE

Jembar Pangapura Nuju Dina kang Mulya


Sakbubare salat id ing mesjid utawa lapangan, masarakat padha halal bihalal utawa salam-salaman kanggo nglebur dosa sapadha-padha. Dosa amarga wus tau tumindak ala, cengkah, gawe sengsarane wong liya, ngrekasakake lan menehi kasusahan.
Nalika wus salaman, ati dadi adhem amarga wus padha apura-ingapura. Awak dadi enteng lan ayem. Mula, dina riyaya tumrap wong kang jembar pangapurane, bakal dadi dina kang mulya.
“Apura-ingapura wus dadi ambegane wong Jawa. Wong Jawa kuwi sugih pangapura. Yen wayang ana Puntadewa sing digambarake wong sing sabar, ora gampang nesu, duwe sipat pangapura, ora gething lan nyimpen anyel,” kandhane Dhosen Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Ki Demang Edy Sulistyono, Selasa (21/8).
Mula, Puntadewa kuwi duwe getih putih amarga awake sing resik lan ora duwe sipat ala. “Ing Jawa kuwi wus ana konsep pangapura yaiku ujung lan pangabekten. Dening para wali, banjur dijupuk dadi tradhisi ing Islam. Pangabekten lan ujung ing Jawa ora mung setaun sepisan nanging dadi pakulinane wong Jawa,” ujare Edy.
Tradhisi halal bihalal ing Jawa, diwiwiti dening Samber Nyawa utawa Mangkunegara I, banjur dadi awet lan lestari ing lingkungan wong Islam ing tlatah Jawa, amargakonsep-e padha karo Islam.
Ing dina riyaya, dosa kang disebabkake tumindak ala marang wong liya, ora liya tatacarane ngilangake yaiku kanthi njaluk pangapura marang wong sing dilarani. Dene ikrar sungkem marang wongtuwa utawa sing disepuhake, ana petang prakara yaiku ngaturaken sungkem, silaturahmi, njaluk pangapura lan njaluk donga. Salah sijine conto yaiku “… kula sowan, sepisan tuwi kawilujenganipun, kaping kalih ngaturaken sungkeming pangabekti. Ing saklajengipun ngaturaken sedaya lepat, keparenga paring pangapunten. Saklajengipun nyuwun berkah pangestu.”
Beda dosa kang nglanggar pranatan agama, kaya wong Islam ora salat, ora jakat, ora pasa, mula supaya dosane ilang tatacarane yaiku mertobat lan nyuwun pangapura marang Gusti Kang Maha Kuwasa. Ikrar mertobat marang Gusti bisa nganggo ukara apa wae sebab Gusti Maha Mireng. Gusti Allah iku Maha Pangapura, mulane yen manungsa wis ngakoni dosa lan kaluputane sarta wis mertobat ora bakal gawe dosa maneh, mesthine ya pinaringan pangapura.
Upamane sakbubare Salat Id, kok isih ana rasa gething, anyel, dengki lan srei marang wong liya, wong kasebut prelu ditakoni kasile poso sesasi muput kuwi apa? “Pasa kuwi tegese ngobong dosa lan sipat-sipat ala. Dadi rampung pasa, dadi manungsa kang suci. Nalika isih duwe sipat ala ing dhadhane, tegese pasane ora sukses ngobong dosa lan sipat ala. Mula, pasane mung antuk ngelih lan ngelak, ora oleh ganjaran utawa piwalesan,” ujare dhosen ing Sastra Dhaerah FSSR UNS, Imam Sutardjo.
Akeh contone nalika para panguwasa padha nggelar open house ing daleme dhewe. Banjur salaman karo mungsuh pulitike. Babagan iki dadi conto kang becik kanggo masarakat, sebabe wus padha rukun. Nanging nalika durung suwe padha padudon babagan pangkat utawa dhuwit, para panguwasa kuwi ora bisa diconto sebabe halal bihalalnalika dina riyaya mung ing ana ing kulite, ora ing njero dhadhane.
Banjur piye nalika duwe kaluputan marang wong liya, nanging ora wani njaluk ngapura amarga isin? “Akeh tatacara silaturahmi, ana sing mlebu omah siji-siji, ana kumpul trah, halal bihalal ing lingkungan RT utawa RW. Tatacara iki bisa dadi cara nalika kita isin. Sebab ana ikrar sing diwaca bareng-bareng. Sing paling prelu yaiku ati gelem nampa pangapura, senadyan ora sungkem karo wong sing duwe salah.”
Kanjeng Nabi Muhammad wus menehi conto, yaiku nyambung tali silaturahmi marang wong sing gething marang piyambake. “Kuwi akhlak sing karimah, sing mulya lan utama. Yaiku menehi ngapura sanadyan ora dijaluki pangapura. Sanadyan angel, sipat kuwi kudu dadi tuladha lan bisa dilakoni masarakat marang panguwasa, supaya panguwasa sing kiyanat dadi mertobat.
Editor: Is Ariyanto | Dalam : Jagad Jawa  SOURCE

Ramene Bakda ing Angenku


“Pak, kolakipun ingkang nangka utawi pisang?” Pitakonku marang Bapak kang numpak Sepedha motor abang.
“Sadhengah-dhengah ora papa.” Wangsulane bapak karo menehake dhuwit sewu. Bebarengan menehake kolak, saka mburiku ana sawijining Ibu kang njawil tanganku.”Dhek, kolake telu diwadhahi plastik ya!”
“Nggih, nggih Bu, sekedhap nggih”. semaurku kanthi swara glagepan makjegageg kaget krungu pandangune ibu kuwi mau.
“Matur nuwun, Bu”. Piwalesku seneng.
“Kolak-kolak, kolake Mbak, kolake Mas?” Sinambi nggawa tremos es. “Thiiiinnnn, thiiiinnnnn” swara klakson padha muni amerga lampune wis ijo. Aku banjur minggir.
“Isih pira, Dar?” Pitakone kancaku kang dodolan krupuk urang sinambi nyedhaki aku. “Isih papat, Met, lha nggonamu isih pira?” Wangsulan campur pitakonku marang kancaku sing nduweni jeneng Slamet kuwi.
“Ya isih akeh, nanging isih bisa tak dol sesuk maneh”. Semaure slamet karo ndhingkluk. “Ya sing sabar, Met. Wong dodolan kuwi rak ya ora mesthi payune ta? O ya, Ijolan gelem ora, Met? Barteran ngono, krupukmu seplastik tak ijoli kolak loro!” Panjalukku karo ngetokake kolak saka tremos.
“Wah, mathuk kuwi, Dar! Wis gorene, tak nggone mbatalke pasaku engko”. Karo menehake krupuke. Durung suwe anggonku guneman marang slamet, dumadakan krungu swara adan pratandha wektune buka. Semono uga aku lan Slamet, tumuli ngombe kolak bareng.
“Alkamdulillah, payu akeh tenan kolakku dina iki. “esemku sinambi nggenjot pedhal kang wis wayahe njaluk ganti kuwi. Sedela-sedela aku nglirik kanthongan ing sisih klambiku. Ing kono sumeleh dhuwit sing wis tak lempit sewunan cacah pitu, rongewunan loro lan limangewunan siji minangka kasil anggonku dodolan kolak ing saksisihe Terminal Tirtonadi. Ora krasa, lelakon bakulan iki wis tak lakoni wiwit pasa rong minggu kepungkur. Aji mumpung, ya kuwi kang dadi landhesan kena ngapa aku dodolan ing prapatan bangjo wanci jam papat tekan magrib ing wulan kang wong-wong padha akeh sing golek sesegeran. Sadurunge wulan Pasa iki, sawise mulih saka sekolah aku ngrewangi Paklek sakbisaku mbengkel mobil kang manggon sakulone kelurahan desaku. Kringet sing kanthil ing bathuk, kesel sing nemplek ing awak, apa maneh isin, wis ora tak gagas babar pisan, kabeh tak lakoni mung mburu cukup supaya bisa ngelongi sakabehe. Wis luntur tenan jiwa kanomanku.

***

Kupat-kupat luar padha gumandhul ing sakdhuwure lawang ngarep saben omah. Gemreneng tangga teparo wis mecah anggone arep olah-olah jangan krecek. Ngelingi menawa bakda ora suwe maneh. Mesthine wong-wong padha mulih menyang desane dhewe-dhewe saprelu njaluk pangapura marang wongtuwa utawa simbahe. Sandhangan sarwa anyar, panganan komplit plit, mesthi semadya ing ndhuwur meja. Durung maneh pitrah dhuwit dluwang kang rupane biru sing mesthi mudhun saka dhompete Bapak gawe sumringahe aku lan adhi-adhiku. Kala-kala keprungu guyu lan brebesan kang nyawiji dadi siji. Iku gegambaraning bakdaku taun wingi. Ananging wektu iki rasane beda, beda banget, sepi nyenyet sanajan rame ing dalan ngendi-endi.
Ahhh … Umpama wae Bapak isih bisa kumpul bareng kulawarga ing bakda mbesuk. Mesthine aku ra bakal nduweni rasa kang kaya ngene iki. Mesthine bakda mbesuk tambah nengsemake. Mesthine aku bisa sungkem marang wongtuwaku sakloron kanthi bekti. Mesthine swara guyu lan brebesan iku keprungu maneh ing satengahe omah iki. Kena ngapa mobil gundhul kang momot wedhi petang wulan kepungkur tega nyilakani Bapak sing saweg kondur makarya ing sakwetane Bengawan Solo. Kena ngapa Bapak ya tega ninggalake aku lan kulawargaku kang isih banget tresnane. Kabeh kedadeyan kuwi isih bening kasimpen ing sajrone pikiran kang wis kecampur karo kocar-kaciring rasa gumetun kang ngganjel ing dhadha tekan yahmene. Grundelanku, ora krasa mataku teles kebak luh kang wis sumadya netes.
“Magelang, ya, Magelang. Papan kalungguhan simbahku, saben bakda aku lan kulawargaku mesthi tumeka ing kana. Dadi, sithik mbaka sithik kasil dodolanku tak klumpukake kanggo mbayar ngebis menyang daleme simbah lan kanggo kabutuhan liyane. Aku ora bisa menawa ngejibke simbokku sing amung bakulan sayur cilik-cilikan ing pasar saben esuk. Adhiku cacah loro wis padha kelas papat lan enem SD, Kabeh lagi mbutuhake ragad kang ora sithik. Aku ora kentekan pikir, SPP-ku dhewe wae wis ngemplang nganti rong sasi durung bisa mbayar sanajan wis dioyak-oyak karo tukang administrasi sekolahku. Lha piye maneh, kabeh lelakon wis tak lakoni nanging ora nyukupi kabutuhan anggonku sekolah. Mbuh, suk bisa lulus lan duweni ijasah SMK apa ora?
Pikiranku ora bisa nrawang tekan semono. Kelas siji iki wae akeh sesandhungan sing tak tandhang. Nanging aku uga isih bisa sukur, apa wae kang wis dititipake Gusti marang aku. Aku mung bisa pasrah bongkokan. Sanajan sayektine aku durung bisa nrima iki kabeh. Kapan aku bisa nduweni sipat kang kukuh, bakuh lan puguh kanggo nglakoni urip iki tanpa pawongan sing bisa nyigarake gregetku, kaya kang wis dingendikake dening simbok ing wektu petang puluhan swargine Bapak. Semaurku ing batin mangsuli pitakonanku dhewe nalika lungguh ing sajrone bis jurusan Magelang karo simbok kang ana ing sisihku lan adhi-adiku kang wis padha turu nglipus ing pangkonku lan sisihe simbok.
Bisri Nuryadi  SOURCE

Ngungak Gambaran Kahanan Pasar Tradhisional


Ana simbok bakul pitik ing pasar. Piyambake wus tuwa, klambine kebaya jaman dhisik lan nganggo jarik. Simbok kuwi lagi nyang-nyangan karo wong wadon liyane. Kahanan kesebut wus lumrah ing pasar-pasar tradhisional lan gambaran kuwi dadi salah sijine karya pelukis Klaten, Cak Min. Karya liyane kang uga ngangkat objeksimbok yakuwi Rosana sing gambare nuduhake simbok bakul gedhang ing pasar.
Gegambaran kasebut dibeber dening Paguyuban Senirupawan Klaten (Pasren) ing Balai Soedjatmoko, Kemis-Rebo (2-8/8). Adicara kang mbabar 32 gambar saka 12 seniman gambar saka Klaten iki ngandhut pangajab supaya masarakat padha ngerti karya-karyane seniman Klaten. “Wus akeh lan umum pelukis saka Ngayogjakarta lan Solo. Prelu dimangerteni, ing Klaten uga duwe potensi seni gambar kang gedhe. Iki ora bisa dipisahkane saka geografis-e Klaten kang dijepit wewengkon Jogja lan Solo,” kandhane Pangarsa Pasren, Anshori, Kemis (2/8).
Para seniman gambar kang mamerake karyane yaiku Hardjija, Cak Min, Sudjijo, Suwardhi Harris, Anshori, Bambang Pujiono, Rustamadji, Karang Sasongko, Rosana, Soerjono, Ibnu Wibowo lan GM Sudarta. GM Sudarta kang dadi kartunis ing Kompas,menehi apresiasi marang Pasren kang bisa nggelar adicara pameran lukisan ing Kutha Solo. Sudarta ing adicara kuwi uga nuduhake karyane yakuwi gambar simbok sing lagi nggendhong anake.
Akeh gambar kang nuduhake kahanane wong-wong cilik kang bisa dadi pangeling-eling tumrap masarakat jaman saiki ngenani kahanan jaman semana. Jaman nalika durung maju kaya saiki, wong urip padha susah, nanging ana ilmu sing bisa digawa pamirsa adicara kuwi yaiku sipat prasaja. Wong-wong desa ora duwe sipat nepsu marang pangkat utawa dhemen bandha.
Beda karo jaman saiki nalika wong wus ndadekake pangkat lan bandha dadi sesembahan. Nalika ora ana dalan sing kalal, dalan ala dilakoni kanthi nyolong utawa korupsi. Deleng wae karyane Rosana, nalika ana simbok-simbok dadi bakul gedhang ing pasar. Bathi ora akeh, nanging dhuwit kalal lan urip bisa tentrem. “Objek-objekgambar kang diangkat ing pameran iki bebas, saka pengalamane para seniman. Uga akeh sing menehi piwulang utawa panyaruwe sosial,” kandhane.

Ngungak Tembang Katresnane Slamet Gundono


Dhalang wayang suket Slamet Gundono melu ngramekake Maleman Sriwedari sing digelar sesasi ing Taman Sriwedari Solo. Slamet Gundono lan pepanthan musike, Suket Galau Etnik Musik, dadi panglipur ing adicara kasebut, Rebo (15/8) wengi, ing Joglo Sriwedari.
Dhalang sing duwe tetenger awak lemu kuwi nggelar kesenian etnik Nuswantara, yaiku campuran musik Jawa, Sunda, gambus lan pesisir. Puluhan wong ngebaki Joglo mung arep nonton dheweke lan pepanthan musike kuwi. “Pepanthan musik iki diarani Galau Etnik amarga lagi galau marang kahanan, kahanan sing mangsa ketiga ora udan-udan,” kandhane dheweke.
“Sriwedari iki dibangun amarga tresnane Raja Maospati marang prameswari sing kepingin duwe taman raja. Taman Sriwedari ora mung taman saumume, nanging uga taman budaya, taman kanggo pepasihan, taman katresnan,” ujare.
Ing kalodhangan iku, Gundono miwiti pagelaran kanthi tembang Cinta Satu. Tembang ini krasa mirunggan amarga ditata nganggo maneka jinis musik, kaya musik Jawa, Banyuwanginan, pesisir lan gambus. Tembang kasebut nyritakake babagan sipat katresnan marang sapa wae, titah sing ana ing donya, tresna marang alam, marang wong enom, wong tuwa lan sapiturute. Gundono uga ngajak para pamirsane melu ngarang lagu Cinta Satu. Salah sijine pamirsa sing ketiban sampur yaiku Apri. “Cinta kaya tawon. Kadhang menehi madu sing rasane legi, uga menehi lara amarga dientup,” ujare dheweke.
Ing carita liyane, Slamet uga crita babagan Walikota Solo sing melu nyalon dadi gubernur ing Jakarta. Dheweke menehi umpama lakon wayang yaiku Puntadewa kang njaluk pamit marang garwane, Drupati, arep lunga ing Jakarta. Banjur digambarake ana peperangan ing Jakarta kaya dene semut abang sing cilik dimungsuhi gajah-gajah sing luwih gedhe. Sanadyan ora duwe dhuwit, Puntadewa njaluk pangestu marang garwane. Puntadewa uga janji ora bakal kiyanat lan korupsi dhuwite rakyat.
Ing jaman edan kaya saiki, para pejabat sing duwe pangkat dhuwur malah padha kiyanat marang rakyat. Amanat saka rakyat ora digunakake kanggo menehi karaharjan lan kemakmuran, nanging malah menehi bebaya lan sengsara. Panguwasa kasebut bisa wae kuwalat marang rakyat lan bakale cilaka.


Sungkeman Nglebur Dosa


Riyaya Idul Fitri ditegesi dina kang suci. Maknane yaiku bali marang kahanan kang suci lan resik saka dosa, kaya bayi sing lagi lair. Sarana bali suci ing ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa yaiku kanthi laku pasa lan jakat. Dene suci ing ngarepe masarakat wujude apura-ingapura. Kaluputan kang wus dilakoni setaun kepungkur padha-padha diapura lan antuk pangapura.
Miturut dhalang lan dhosen Sastra Dhaerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, Imam Sutardjo, dina 1 Sawal antuk kawigaten kang gedhe dening masarakat Indonesia. ana yutanan wong padha mulih saka papan panggaweyane tumuju ing tlatah asale. Kahanan kuwi disebut tradhisi mudik sing wus dilakoni suwe. Mula, ing dina kuwi, kabeh pehak, kaya pamarentah pusat utawa dhaerah, kantor-kantor swasta, padha tutup. Kajaba papan panggonan kang ora bisa ditutup amarga dibutuhake dening masarakat, kaya ndhokteran lan kantor pulisi.
Mulih adoh-adoh, saka Jakarta bali ing Jawa Tengah. Saka Sumatra, Kalimantan, Sulawesi lan Papua padha bali ing omahe utawa wongtuwane saprelu silaturahmi lan nindakake apura-ingapura kanthi tatacara salaman lan sungkeman. Sanadyan akeh pacoban, kaya angel golek sarana kendharaan kanggotransportasi, utawa kendharaan sing jejel riyel ing dalan, kena bebaya cilaka, kabeh ditelukake dening rasa kangen lan seneng bakal ketemu kulawarga lan bapa-biyunge.
Sanadyan saiki jaman wus maju, ana telpun utawa teknologi canggih liyane, nanging ora marem yen durung adu arep karo bapa-biyunge. “Tumrap wong Jawa, ora diarani ketemu yen durung ketemu sowan,” kandhane piyambake, Selasa (21/8).
Ora marem lan mantep, amarga rumangsa akeh luput lan salah karo wongtuwane. Saliyane kuwi, uga dadi salah sijine tradhisi mudik lan sungkem. “Anak ngirim dhuwit akeh nanging ora bisa bali, ora bisa ngganti senenge wongtuwa nalika anake bali, sanadyan ora nggawa apa-apa,” ujare. Mula, mudik sing kebak pacoban kayata macet lan toh cilaka bakal dilakoni.
Dina riyaya mujudake laku tradhisi silaturahmi, apura-ingapura kang wus kuwat lan ngoyot ing masarakat. Wus dadi tradhisi, sing enom marani sing tuwa banjur ngabekti, salaman lan sungkem tandha kurmate marang sesepuh. Para kiai uga dadi jujugane masarakat kang kepengin silaturahmi lan apura-ingapura. Kuwi amarga para kiai dadi pemimpin agama kang disepuhake. Mula, saben riyaya, akeh masarakat sing nyewa truk kanggo bareng-bareng silaturahmi marang kiai.
“Ana cacah lima sing disilaturahmeni, yaiku Gusti Kang Maha Kuwasa, wongtuwa, mertuwa, sedulur tuwa lan dwija. Dwija iki bisa dwija sekolah utawa kiai sing mulang ngaji lan agama,” piterange.
Wongtuwa, simbah, simbah buyut, kiai dadi sumbering urip. Tanpa wongtuwa, ora bakal ana awake dhewe. Dene kiai duwe kaluwihan moral lan bisa disuwunake donga pangestu sarta barokah ing urip. Sing enom padha mlaku ndhodhok sungkem, ngambung dhengkul lan ikrar nyuwun pangapura. Ing kahanan kasebut, tuwuh rasa trenyuh lan tumetes luh ing pipine jalaran kebake rasa tresna, kangen lan urmat marang wongtuwa.
Tradhisi liyane sing bisa nambah gayeng yaiku para bocah cilik kang nampa paringan dhuwit kang jenenge dhuwit pitrah. Sanadyan dhuwite gur sethithik, nanging dhuwite anyar gres, dadine para bocah seneng banget entuk dhuwit anyar. Sabubare riyaya, umume para bocah bisa nglumpukake dhuwit akeh, nganti atusan ewu rupiah. Dhuwit kuwi sabanjure kanggo mipik barang kang dikaremi.


 

Berita Bisnis

Ayo Jajan.........Solo dan Sekitarnya

Serba Serbi


web counter
Support : Creating Website | Johny Template | Mas Template
Copyright © 2011. Seputar Kota Solo - All Rights Reserved
Template Created by Creating Website Published by Mas Template
Proudly powered by Blogger